legenda Agal Agil

Asal-Usul Dusun Agal-Agil

            Sawetara dina, ing alas kandhel banget, akeh jenis wit supaya iku ngayomi. Ing wektu iku ana kisanak jenenge mbah Syamsidin, tekane wana dienggo kanggo ngambrukne wit-wit iku, kanggo nggawe sawijining dusun cilik kang mengko bakal dipanggoni dening dheweke lan wong liya sing pengin dumunung ana kunu.

            Sesuke mbah Syamsidin mulai ngambrukne wit siji-siji, nganti panginten cukup kanggo panggonan tetep. Ora dikarepake ono salah siji wit kang ora iso ambruk, nalika wit iki wis owah. Mbah Syamsidin pungkasane mutusake dijarne wit iku  amarga wis pegel.

            Wektu dilakoni, akeh wong sing dumunung ing wilayah kuwi. Banjur mbah Syamsidin mikirno maneh wit kang ora iso ambruk, dheweke mikir wit e wes tuwa lan kahanane khawatirno. Mbebayani yen nalika rubuh meneki wong-wong liwat. Pungkasane ngajak wong-wong kanggo bareng-bareng nebang wit kuwi, apa sing kedaden? Sanget ngageti, wit kuwi tetep ora iso ditebang meski kaping pirang-pirang di dicoba, lan pungkasan dijarke.
            Siji wengi mbah Syamsidin ndedunga marang Gusti Allah SWT, nyuwun pituduh, apa ana pesen ing wit iku. Nalika turu mbah Syamsidin ngimpi, ing ngimpine dheweke di kongkon menehi jeneng desa Agal-Agil. Mbah Syamsidin langsung ngirimi marang wong-wong, warga uga setuju. Wengine warga nindakake panganan, kanggo selametan dusun kang anyar yoiku Agal-Agil.Pungkasan sesuke wit iku bisa dirubuhne.
 Paggonan wit iku pungkasane didegne kanggo makam mbah Syamsidin, ikulah asal-usul saka dusun Agal-Agil.
Ø CANGKRIMAN
1.    Segara beldhes   : segene pera sambele pedhes
2.    Anake clurutan, embokne prak-prakan  : piranti nenun


Ø GEGURITAN

Angin Sore

Ing sikile gumuk-gumuk watu
Semilit angin sore
Nampeg samubarang kang diprangguli
Uga dhadha lan watu
       Aku njethung amari kelu
       Ngupadi jarwaning cangkrimaning jaman
       Ah … ana ngendi dumunge kasetyan
       Kang tansah lumayu kekitrang
Nalika candhikala kaseput mega
Dakrakit gurit-gurit panandhang
Nglari ucapmu dadi kenyatan
       Ing sikile gumuk-gumuk watu
       Manuk galik ngalik-alik kekalang
       Tansah ngranti lan niteni
       Kapan baya tumibaning nugrahaning Gusti
Ø PARIKAN
1.      Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa, esuk mikir sore mikir, sing dipikir mung golek bandha.
2.      Tawon madu ngisep sekar, dadi guru kudu sabar.
Ø TEMBANG MACAPAT

Megatruh
Laras Pelog Pathet Barang

Nandur palawija yekti luwih kurup
Yen katimbang nandur pari
Nuju panen mungti babuk
Ora bathi ora rugi
Among tani padha ndomblong

Maknahe:
Beda yen nenanem palawija iku
Yekti asil ngleluwihi
Karya sengsem manahipun
Para bapak among tani
Gya syukur marang hyang manon
       Yen dha pengin asil punjul
       Manuta pitutur mami
       Nandura lombok lan jagung
       Semangka milon tan keri
       Tamtu wohe paling greyong




By : nurlaili mauidefi

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

PROPOSAL RINGKASAN PROYEK

skenario temu manten